Jumat, 26 Februari 2010

Pidato Pak Kepala Desa Condongcatur - tugas basa jawa

Assalamualaikum Wr. Wb.
Para sesepuh winisepuh ingkang kinurmatan
hadirin hadirot ingkang dipunmulyaken dening Gusti.
Mliginipun dhateng Bapak Amir ingkang tansah kula kurmati.

Monggo kita ngunjukaken syukur marang Gusti ingkang sampun paring kanikmatan katitik kula lan panjenengan sedaya saged kempal manunggal ing mriki.
Kaping pisan, kula ngunjukaken puji syukur dhateng Gusti dene Bapak Amir lan sakaluwarga kaparing wekdal nindakaken haji ingkang kaping 5.
Kaping pindo, kula saha sedaya warga, ndherek mangayubagya mugi – mugi tansah sehat, bagas waras, sedaya rancak widodo, nir ing sambekala tindakipun lan dados haji mabrur.

Mbok bilih ingkang kula ngendika kathah kalepatanipun, nyuwun ngapunten. Pungkasanipun, Wabillahi taufik wal hidayat ..
Wassalamualaikum Wr. Wb.