Sabtu, 25 Juli 2009

1) Anggenthong umos = wong kang ora bisa nyimpen wewadi
 Pak Paidi kagungan masalah ingkang perlu dirahasiaken. Pak Paidi criyos dateng Pak Paimun ngenani masalah punika. Ngerti-ngerti wonten tiyang senes ingkang ngertos masalah punika. Tiyang punika sanjang menawi ingkang criyos inggih Pak Paimun. Pak Paidi mbatin, yen Pak Paimun boten saged nyimpen wewadine.

2) Arep jamure emoh watange = gelem kepenake ora gelem rekasane
 Bu Juminten maringi tugas marang murid-muride. Tugas punika digarap kelompok. Rani, Novi, lan Fiya sak kelompok. Cah papat punika nggarap tugas punika dinten Selasa ing daleme Novi. Ananging, Rani boten purun nggarap tugas punika. Rani nyuwun jenenge dicathet ing laporan tugas punika. Rani purun ntuk biji apik, ananging boten purun rekasa.  

3) Anak molah bapa kepradah = wong tuwa melu repot amarga tumindake anake
 Bapake Arga ditimbali guru BP ing sekolahan. Amarga Arga kerep boten mlebet sekolah tanpa ijin. Arga ditangleti mendel mawon. Saksampune dipeksa marang gurune, Arga kanda yen dheweke pancen mbolos sekolah. Gurune ngendikan yen pisan malih Arga mbolos sekolah bakal diwedalake. Bapake Arga susah bareng mireng ngendikane Guru BP punika. 

4) Mbarung sinang = nyela-nyela wong guneman
 Selasa sore, bapak-bapak ing RT 08 rapat ing bale desa. Pak Karto nembe guneman ngenani pendapate, ananging Pak Catur banjur ngendikan yen boten setuju marang pendapate Pak Karto.

5) Car-cor kaya kurang janganan =ngomong ceplas-ceplos ora dipikir dhisik
 Dinten Setu, murid-murid SMP 3 mlebet sekolah, ananging ngagem klambi bebas. Amarga dinten punika taksih prei. Murid-murid didhawuhi resik-resik sekolahan. Rani, Novi, lan Fiya resik-resik kelase dhewe. Di sambi nyapu, cah tiga punika guneman. Sakpunika, Rani ngomong yen klambi sing dinggo Fiya punika sampun boten model. Fiya banjur medal saking kelas lan wangsul. Fiya isin, Rani ewuh dhewe. Rani boten sengaja ngomong punika, pancen anggone ngomong boten dipikir dhisik.

6) Cedhak celeng boloten = cedhak karo wong ala bakal katut ala
 Jamilah wektu kelas 1 bocahe meneng tur pinter. Munggah kelas 2, kanca-kancane uga owah. Jamilah entuk kanca sakjejer ingkang nakal, lan boten pinter. Suwe-suwe, Jamilah dadi kakean omong lan bijine medun. 

7) Cecak nguntal elo = gegayuhan kang ora jumbuh karo kahanane
 Kawit cilik, Made kagungan gegayuhan dadi pilot. Made punika bocah pinter. Ananging, wonten perkara ingkang ngalang-alangi cita-citane Made punika. Astane Made boten sempurna kawit lair. Mulane, Made boten saged mujudake gegayuhane punika.

8) Cengkir kethindihan kiring = wong lanang didhisiki rabi dening adhine
 Surya kagungan adhi asmane Putra. Surya dereng rabi. Ananging, enjing-enjing, adhine, Putra, arep rabi dhisik, ndhisiki kangane. 

9) Derman golek momongan = wong wis akeh kewajibane isih golek gawean kang ngimbuhi ribed
 Pak Tukul nyambut damel dados guru. Pak Tukul inggih ternak ayam ing daleme. Ananging, saben sore Pak Tukul ugi dodol roti keliling ing desane. Gaweane sampun tiga, nanging Pak Tukul taksih pados gawean liyane.

10) Desa mawa cara negara mawa tata = saben panggonan duwe tata cara dhewe-dhewe
 Ing sekolahane Arga, saben bocah kedah ngresiki kelase. Ngresiki kelas punika miturut dinten pikete. Arga piket dinten Setu. Ing sekolahan, Arga sregep ngresiki kelase. Ananging, ing daleme dhewe Arga boten nate resik-resik. Arga punika putrane tiyang sugih. Pembantune inggih kathah. Tata carane ing daleme Arga lan ing sekolahane Arga punika benten.

11) Durung ilang pupuk lempuyange = dianggep isih kaya bocah cilik
  Taun niki, Aliya mlebet SMP. Sanajan sampun SMP, polahe Aliya punika taksih kados bocah SD. Senenge playon. Mula Aliya dianggep taksih kados bocah cilik.

12) Durung pecus keselak betus = durung sembada wis duwe kekarepan neka-neka
 Gina taksih kelas 2 SMP. Ananging, Gina sampun remen dandan kados cah gedhe. Klambi-klambine punika inggih sampun kados cah gedhe. Rupane Gina inggih ugi kados cah gedhe. Sanajan mangkono, polahe ugi kados cah gedhe.

13) Gliyak-gliyak tumindak, sareh pikoleh = senajan alon-alon anggone tumindak nanging bisa kelakon
 Darsih kepingin tumbas MP3. ananging bapak ibuke boten saged numbasake, amargi kathah kaperluan sing luwih penting. Darsih sampun niat badhe tumbas MP3 punika. Saben dinten Darsih nyelengi. Sekedhik-sekedhik, nanging rutin. Sawetara setengah taun, arta sing dicelengi Darsih sampun kathah lan cekap kagem tumbas MP3 punika. Bapak lan ibuke bangga, amargi Darsih saged tumbas MP3 punika piyambak.

14) Kaya banyu karo lenga = paseduluran kang ora bisa rukun 
 Nita lan Dika punika kakang adhi. Nita lan Dika punika boten nate rukun. Yen ketemu, mesti pada padu. Sanajan Dika punika luwih tuwa, boten purun ngalah.

15) Lambe satumang kari semerang = menehi pitutur nganti kesel, ora digubris

 Saben dina, ibuke Sonia nuturi Sonia supaya sregep

SALOKA_kinaNtii VIIID

 Jono sampun kelas 3 SMP. Sekedap malih, badhe ujian. Ananging, Jono botenpurun sinau. Saben bengi ibuke nuturi Jono supaya sregep sinau. Jono boten mirengake pituture ibuke. Jono malah dolanan playstation.

16) Ulat madhep ati kareb = wis manteb banget kekarepane 

Santi kagungan cita-cita dados dokter. Kawit cilik, Santi seneng dolanan dokter-dokteran. Bareng gedhe, Santi milih kuliah ana ing jurusan kedokteran. Santi sampun manteb marang kekarepane.

17) Yiyidan munggwing rampadan = biyene wong durjana saiki dadi wong alim

Mbiyen Pak Karjo perampok. Senengane main judi, yen artane sampun telas, ngrampok. Ananging, bar metu saking penjara Pak Karjo dados tiyang alim. Sregep sholat ana masjid, lan ninggalake kebiasaane ndhisik

18) Rubuh-rubuh gedhang = wong kang ela-elu tumindake liyan (melu-melu)

Kelas 1 SMP, Anita les matematika ing Bu Ham. Melu kancane, Dini. Ananging, kelas 2 SMP, Anita boten sekelas kaliyan Dini. Anita sekelas kaliyan Fanni. Fanni les matematika ing Bu Nar. Banjur Anita ndherek Fanni les ing Bu Nar.

19) Nabok nyilih tangan = tumindak ala kanthi kongkonan wong liya 

Arya ndhawuhi Arga supaya nyegat Putra ing wingking sekolahan. Arga didhawuhi nggebuki Putra. Amarga Putra ngendikan kaliyan Bu Arni yen Arga bolos 3 dina.

20) Meneng kitiran = ora bisa anteng 
Dini kagungan adhi, Asta namane. Asta senengane mlayu-mlayu. Ora gelem anteng lan tenguk-tenguk.